Selamat Datang. Indahnya hari ini adalah suatu berkat dan berkah dari Tuhan. bertindaklah dengan bijaksana agar hidup kita menjadi lebih berarti bagi orang lain.

26/08/2013

JONGKO JOYO BOYO

JONGKO JOYO BOYO
      =Ronggowarsito=

Iki sing dadi tandane zaman kolobendu
  1. Lindu ping pitu sedino 
  2. Lemah bengkah 
  3. Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara 
  4. Pagebluk rupo-rupo 
  5. Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati 
Zaman kalabendu iku wiwit yen,
  1. Wis ana kreto mlaku tampo jaran 
  2. Tanah jawa kalungan wesi 
  3. Prau mlaku ing nduwur awang-awang 
  4. Kali ilang kedunge 
  5. Pasar ilang kumandange 
  6. Wong nemoni wolak-walik ing zaman 
  7. Jaran doyan sambel 
  8. Wong wadon menganggo lanang 
Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya,
nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya.
  1. Mulane akeh bapak lali anak 
  2. Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak 
  3. Sedulur pada cidro cinidro 
  4. Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane 
  5. Akeh wong lanang ora duwe bojo 
  6. Akeh wong wadon ora setia karo bojone 
  7. Akeh ibu pada ngedol anake 
  8. Akeh wong wadon ngedol awakke 
  9. Akeh wong ijol bojo 
  10. Akeh udan salah mongso 
  11. Akeh prawan tuwo 
  12. Akeh rondo ngalairake anak 
  13. Akeh jabang bayi nggoleki bapake 
  14. Wong wodan ngalamar wong lanang 
  15. Wong lanang ngasorake, drajate dewe 
  16. Akeh bocah kowar 
  17. Rondo murah regane 
  18. Rondo ajine mung sak sen loro 
  19. Prawan rong sen loro 
  20. Dudo pincang payu sangang wong 

Zamane zaman edan
  1. Wong wadon nunggang jaran 
  2. Wong lanang lungguh plengki 
  3. Wong bener tenger-tenger 
  4. Wong salah bungah-bungah 
  5. Wong apik ditapik-tampik 
  6. Wong bejat munggah pangkat 
  7. Akeh ndandhang diunekake kuntul 
  8. Wong salah dianggap bener 
  9. Wong lugu kebelenggu 
  10. Wong mulyo dikunjara 
  11. Sing culika mulya, sing jujur kojur 
  12. Para laku dagang akeh sing keplanggrang 
  13. Wong main akeh sing ndadi 
  14. Linak lijo linggo lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali konco 
  15. Duwit lan kringet mung dadi wolak-walik kertu 
  16. Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak 
  17. Ning mulih main kantonge kempes 
  18. Krugu bojo lan anak nangis ora di rewes 

Abote koyo ngopo sa bisa-bisane aja nganti wong kelut,keliring zaman
kalabendu iku.

Amargo zaman iku bakal sirno lan gantine joiku zaman ratu adil, zaman
kamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak
ing zaman Entenana zamanne kamulyan zamaning ratu adil

No comments: